Assalamualaikum
wr. Wb.
Nuwun
nuwun kula nuwun
Dhumateng
sanggya para rawuh kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, dhumateng para
priyagung dharahing nata. Para sarjana sujaning budi langkung-langkung
dhumateng para sepuh pinisepuh ingkang mahambeg berbudi darma, pana ing pamawas
lebda ing pitutur aji. Waradinipun dhumateng sanggya para rawuh kakung sumawana
putri ingkang murbeng budi
Sugeng
rawuh kula aturaken sinarengan gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan
panjenengengan keraya-raya kersa nglodhangaken wekdal hangrawuhi punapa ingkang
dados pamundhutipun bapa/ibu pamangkugati hanatepi dharmaning asepuh saperlu
hangrakit sekar cempaka mulya wiwaha putra, mahargya siwi. Ngentas pitulus
kenyanipun ingkang wuragil ingkang asesilih namapun …….. ingkang sampun
jinatukrama dening nakmas bagus . . . . . . . atmaja jalunipun saking
panjenenganipun bapa/ibu . . . . . . . . . ingkang pidalem saking pedurungan
semarang.
Ing
salajengipun, kaparenga pamangkugati lumantar kula ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan awit saking paring penjenengan ingkang awujud tandha
tresna, bau suku, iguh pratikel miwah pisungsung ingkang maneka warni
tundhonipun saged ndadosaken handayani dhateng babaring sedya., wigatosing gati
ing ri kalenggahan punika.
Para
rawuh, wondene anggenipun panjenenganipun bapa/ibu pamangkugati ngrawuhaken
panjengan sami saperlu badhe nyuwun idi pangestu nun inggih sih donga pangestu
mugi pinanganten kekalih anggenipun badhe lelumban wonten ing madyaning
bebrayan agung tansah sageda begja kang sinedya jumbuh kang ginayuh, lestari
pepasthening akrami, bias guyub rukun reruntungan, linuludhan ing semat drajat
lan pangkat kanthi sinandhangan ing suka basuki wirya widodo nir ing sambekala
lan tuwusipun tansah sageda dados kaluwarga ingkang sakinanh, mawadah,
warohmah. Pikantuk nugrahanipun ing ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung lan
mugiya enggal-enggal pikantuk momongan ingkang soleh lan solekah. Lan mugiya
rising pinangten kekalih tansah enggal anampi pasihaning Gusti kang arupi
pratima mas ingkang saged tata jalma, ingkang ginadhang gadhang tansah dadosa
anak anung anindhita ingkang bangkit mikul dhuwur mendem jero yayah wibi, anak
anung ingkang tansah mengku werdi putra kang linangkung , anindhita putra kang
tanpa cacat lair batosipun, mikul dhuwur ingkang tansah mengku werdi putra kang
bias damel arum kuncaraning asmaning para pepundhen lan kaluwarganipun, wondene
mendem jero ingkang tansah mengku werdi putra ingkang bias nasabi utawi nutupi
cacat lan kekiranganipun saking para pepundhen lan kaluwarganipun.
Para
rawuh kaparenga pamangkugati lumantar kula hambokbilih anggenipun nampi
karawuhan panjenegen sami wonten kiranging tri prakawis ingkang awujud tanggap,
tangguh, gupuh punapa dene suguh lan aruh lumantar kula nyuwun agunging samudra
pangaksama ingkang tanpa pepindhan.
Semanten
ugi kula ingkang minangka talanging basa hambok bilih anggen kula matur wonten
kiranging reh subasita, basa, miwah sastra, nyuwun agunging samudra pangaksama.
Akhirul
kalam wabilahitaufik walhidayah, wassalamualaikum wr. Wb
Nuwun
nuwun matur nuwun
TULADHANE VIDEO SAKING KULA: